atur pambagyaharja

Ingkang  kinabekten sagung sepuh, pinisepuh
Ingkang  kinormatan sagunging tamu sinedahan ingkang kula hurmati
Assallamu  Alaikum Wbrt.
Keparenga   paring palilah  kula semela atur  sawatawis,  nuhoni pamundutipun Ibu Hartanta, pinangka sulih sarro, talanging atur wonten ngarsa anjengan.
Pinangka  purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji
syukur  wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng gesang, ingkang sampun  peparing
barokah, rahmad saha barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika.
Menggah  atur saking panjenganipun Ibu Hartanta;
Sepisan:
Ibu  Hartanta  ngaturaken  kawilujengan menggah karawuhan sanggyaning tamu sinedahan ikang kinormatan, ingkang sampun kepareng nglonggaraken panggalih bucal   wedal  nuhoni panyuwunipun Ibu Hartanta.
Mugi karawuhan  panjenengan  tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti ingkang maha kuwaos.
Ongka kalih ;
Ibu Hartanta ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh, hamisuda,
Putra  miwaha siwi  ngunduh penganten sarimbit  Bg. Roni……………..pikantuk putra
Siwinipun ibu ………….ingakang pidalem ing Purwantara.
Menggah ijab kobul saha pawiwahan  sampun kalampahan dinten Jumat Surya 13 Agustus 2004  wonten  Purwantoro  Wonogiri.
Inggih awit  saking pujo- puji  , pangestu, saha pandongga ,saking  sesepuh, pinisepuh, saha sangyaning tamu sinedahan ijab Kabul sampun kalampahan  nir ing sambi kala.
Ibu Hartanta nyuwun gungan kepareng sagung tamu ingkang kinormatan kepareng paringbekahp pangestu dumateng temanten sarimbit mugi anggenipun ngayahi jejibahan gesang bebrayan inggal tansah pikantuk pinayungan Gusti Ingkang Maha Agung, sedaya ingkang ginayuh sageda jumbuh, ingkang dipun jongka tansah  sumadya. Tinebihno ing  godha rencana , cinelakno ing suka rena, Nir baya nir ing sangsaya..
Ongka tiga
Ibu Hartanta ngaturaken,  agenging panuwun ikang tanpa pipindan, menggah sedaya kadarman  panjenengan ingkang arupi punopa kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken birawaning panggalih, saha  dadosaken  lancer,  rancak, sumaraking  pahargyan ing siang  punika.
Ewa semanten  Ibu  Hartantoanta boten saget atur pinwales  punapa-punapa, hamung nyuwun dumateng ngarsaningGusti, mugi sedaya peparing panjengan ingakang arupi punapa kemawon,kanthi iklasing panggalih  pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha dadosaken kuncaraning asma panjengan.
Atur sak lajengipun. Ibu  Hartanta  anggenipun kagungan kersa  ngunduh penganten,  sampun krancang, karacik, saha katiti, kanthi permati,ewa semanten  tasih kathah kekiranganipun. Langkung-langkung angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun buja krami, kirang trasilal saha kirang subosita.
Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung  gungan dumateng sanghyaning tamu sinedahan  kepareng paring agunging pangak sami ingkang linangkung.
Ibu Hartanta  ugi nyuwung gungan   dumateng  sagung tamu sinedahan ingkang kinurmatan, kepareng, lelenggahan ngantos dumugi purnaning pahargyan.
Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur  wonten ngarsa panjengan kirang suba sito, kiranging trapsila,  wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha samodra pangaksami.
Ing wasana mugi rahayu inga  pinanggih,
akhirul kalam wbst.

Kitab Musarar Jayabaya (jawa)

Asmarandana :
  1. Kitab Musarar inganggit, Duk Sang Prabu Joyoboyo, Ing Kediri kedhatone, Ratu agagah prakosa, Tan ana kang malanga, Parang muka samya teluk, Pan sami ajrih sedaya,
  2. Milane sinungan sakti, Bathara Wisnu punika, Anitis ana ing kene, Ing Sang Prabu Jayabaya, Nalikane mangkana, Pan jumeneng Ratu Agung, Abala para Narendra,
  3. Wusnya mangkana winarni, Lami-lami apeputra, Jalu apekik putrane, Apanta sampun diwasa, Ingadekaken raja, Pagedongan tanahipun, Langkung arja kang nagara,
  4. Maksihe bapa anenggih, Langkung suka ingkang rama, Sang Prabu Jayabayane, Duk samana cinarita, Pan arsa katamiyan, Raja Pandita saking Rum, Nama Sultan Maolana,
  5. Ngali Samsujen kang nami, Sapraptane sinambrama, Kalawan pangabektine, Kalangkung sinuba suba, Rehning tamiyan raja, Lan seje jinis puniku, Wenang lamun ngurmatana.
  6. Wus lenggah atata sami, Nuli wau angandika, Jeng Sultan Ngali Samsujen, “Heh Sang Prabu Jayabaya, Tatkalane ta iya, Apitutur ing sireku, Kandhane Kitab Musarar.
  7. Prakara tingkahe nenggih, Kari ping telu lan para, Nuli cupet keprabone, Dene ta nuli sinelan, Liyane teka para,” Sang Prabu lajeng andeku, Wus wikan titah Bathara.
  8. Lajeng angguru sayekti, Sang-a Prabu Jayabaya, Mring Sang raja panditane, Rasane Kitab Musarar, Wus tunumplak sadaya, Lan enget wewangenipun, Yen kantun nitis ping tiga.
  9. Benjing pinernahken nenggih, Sang-a Prabu Jayabaya, Aneng sajroning tekene, Ing guru Sang-a Pandita, Tinilar aneng Kakbah, Imam Supingi kang nggadhuh, Kinarya nginggahken kutbah.
  10. Ecis wesi Udharati, Ing tembe ana Molana, Pan cucu Rasul jatine, Alunga mring Tanah Jawa, Nggawa ecis punika, Kinarya dhuwung puniku, Dadi pundhen bekel Jawa.
  11. Raja Pandita apamit, Musna saking palenggahan, Tan antara ing lamine, Pan wus jangkep ing sewulan, Kondure Sang Pandita, Kocapa wau Sang Prabu, Animbali ingkang putra.
  12. Tan adangu nulya prapti, Apan ta lajeng binekta, Mring kang rama ing lampahe, Minggah dhateng ardi Padhang, Kang putra lan keng rama, Sakpraptanira ing gunung, Minggah samdyaning arga.
  13. Wonten ta ajar satunggil, Anama Ajar Subrata, Pan arsa methuk lampahe, Mring Sang Prabu Jayabaya, Ratu kang namur lampah, Tur titis Bathara Wisnu, Njalma Prabu Jayabaya
  14. Dadya Sang Jayabaya ji, Waspada reh samar-samar, Kinawruhan sadurunge, Lakune jagad karana, Tindake raja-raja, Saturute laku putus, Kalawan gaib sasmita.
  15. Yen Islama kadi nabi, Ri Sang aji Jayabaya, Cangkrameng ardi wus suwe, Apanggih lawan ki Ajar, Ajar ing gunung Padhang, Awindon tapane guntur, Dadi barang kang cinipta.
  16. Gupuh methuk ngacarahi, Wus tata dennya alenggah, Ajar angundang endhange, Siji nyunggi kang rampadan, Isine warna-warna, Sapta wara kang sesuguh, Kawolu lawan ni endang.
  17. Juwadah kehe satakir, Lan bawang putih satalam, Kembang melathi saconthong, Kalawan getih sapitrah, Lawan kunir sarimpang, Lawan kajar sawit iku, Kang saconthong kembang mojar.
  18. Kawolu endang sawiji, Ki Ajar pan atur sembah, “Punika sugataningong, Katura dhateng paduka,” Sang Prabu Jayabaya, Awas denira andulu, Sedhet anarik curiga.
  19. Ginoco ki Ajar mati, Endhange tinuweg pejah, Dhuwung sinarungken age, Cantrike sami lumajar, Ajrih dateng sang nata, Sang Rajaputra gegetun, Mulat solahe kang rama.
  20. Arsa matur putra ajrih, Lajeng kondur sekaliyan, Sapraptanira kedhaton, Pinarak lan ingkang putra, Sumiwi muriggweng ngarsa, Angandika Sang-a Prabu, Jayabaya mring kang putra.
  21. Heh putraningsun ta kaki, Sira wruh solahing Ayea, lya kang mati dening ngong, Adosa mring guruningwang, Jeng Sultan Maolana, Ngali Samsujen ta iku, Duk maksih sami nom-noman.